ATUR PAMBAGYO HARJO

sukandar 16 Oktober 2024 09:48:22 WIB

Contoh sambutan selamat datang pada acara resepsi pernikahan. 

Bismilahirohman nirohkhim…

Asssalamualaikum wn wb

Kasugengan kasaran mugiyo tansah kajiwo kasaliro ing panjenengan dalan kawulo

Dumateng ngarsanipun :

  • Poro pepunden inkang dahat pinundi
  • Pinisepuh sesepuh ingkang dahat kinurmatan
  • Poro alim ulamak ingkang rinten pantoro dalu tansah sumanding kitap wahyuning Illahi pinongko keblating panembah ingkang kulo hormati
  • Pangemban pangembating projo satrianing nagari ingkang pinongko pandam pandoming kawulo dasih ingkang kawulo hormati.
  • Kadang werdho mudo ingkang kawulo tresnani
  • Sagung poro rawuh kakung mewah putri ingkang dipun rahmati Alloh SWT

Langkung rumiyin sumonggo kawulo derekaken tansah manengku pujo ngaturaken agenging panuwun dumateng ngarsanipu Gusti Alah ingkang sampun paring mapinten2 karohmatan satemah panjenengan dalasan kawulo saget nyawiji wonten ing meniko papan kanthi kebaking karohmatan

Syolawat ugi salam sumonggo kunjuk dumateng ngarsanipun kanjeng nabi Muhhammad saw nabi ingkang kulo panjenengan antu2 syawaatipun ing yaumul akhir.

Keparengo kawulo gempil kamardikan panjenengan sami rikalanipun nembe eco sekeco imbal wacono, awit awrat mundi dawuh saking ngersanipun Bp……. Sekaliyan ibu kinen matur ing ngarso panjenengan sami

Boten kesupen kulo nyuwun agunging pangapunten awit kawulo komo wantun jumejer ing ngarso panjenengan , mboten ateges kawulo ngirangi trapsilo unggah ungguh soho sopan santun anamung swasono , kulo ingkang kedah makaten.

Atuir ingkang sepisan…… :

Kulo awit saking ingkang hamenggku gati nun injih Bp……. Ibu,,,,,,,,

Ngaturaken agenging panuwun dumateng handiko sami ingkang sampun nglodangaken saliro nuhoni punopo ingkang dados panyuwun ugi panuwun ipun bapak…. Sekaliyan ibu rawuh ing rompok ipun saperlu pun suwuni berkah pangestu anggenipun kagungan hajad daupaken keng putro…

Panjenenganipun bapak sekaliyan ibu ……. Ngaturakeken pambagyo Harjo awit rawuh ipun handiko sami.

Panjenenganipu bapak.. sekaliyan ibu nyuwun pangapunten ingkang ageng ing mbok bilih anggenipun caos papan palenggahan mboten sak trep kaliyan  kalenggahan panjenengan sami , lan ugi mboten nujuprono ing ngarso panjenengan , sedoyo awit kapurbo ing kawontenan.

Atur ingkang kaping kalih…….

Panjenengaipun bapak…ibu….. ngaturaken agenging panuwun dumateng panjengen ingkang sampun paring pambiyantu arupib punopo kemawon ingkang dipun paringaken dumateng ngarsanipun bapak….ibu satemah dadosaken pangenteng2 anggenipun kagungan hajad,,,,,,,, injih meniko daupaken keng putro ingang sesilih,,,,, pikantuk ……… putro / putrinipun ………ingkang pidalem ing,,,,,,,,,,

Mboten kesupen ugi dumateng ngarsanipun tonggo tepalih poro kadang werdho mudo anggenipun ugi paring pambiyantu awujut tenogo, pikiran lan samu kawisipun mugi2 awit sih kadarman panjenengan sedoyo pikantu piwales ingkan matikel2 saking ngarsanipun Gusti Alloh SWT. Amin

Ingkang kaping tigo…..

Menggah gatinipun handiko sami kasuwun rawuh ing rompokipun Bp…..ibu….. pun sssuwuni berkah pangestu anggenipun daupaken yoganipun inggkang asesilih…..

Mugi2 awit dongo pangestu handiko sami pinanganten sarimbit anggenipun memangun bebrayan inggal dadoso keluargo ing sakinah mawadah wa rohmah…. Pikantuk pangayoman saking ngaresanipin Gusti ingkang mohop kawoso.

Ingkang salajengipun…… ing mbok bilih samangkih poro wiranem marak sowan ing ngarso handiko sami saperlu caos unjukan lan samu kawisipin sumonggo kulu aturi harahapi kanti mardu mardikaning galih panjenengaipun bapak….. derekaken ing papan sanes,

Atur ingkang pungkasan ……..

Sepisan malih panjenenganipun bapak….sekaliyan ibu nyuwun pangapunten ing mbok bilih anggenipun nampi rawuh handiko sami kirang ing samu kawisipun.

Puntoning atur mugi kasekecakno anggenipun sami pilenggahan , ing mbok bilih samangkih sedayanipun sampun kapanggalih cekep , handiko sami sampun badhe ngersakaken jengkar saking papan puniko panjenenganipun bapak…sekaliyanibu ngatturaken tebih saking raos panundung derekaken sugeng kundur mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Makaten lan semanten atur kawulo purwo, madyo, wusono. ing mbok bilah katah kalepatan anggen kawulo matur kawulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasalam….. nwn…..nwn  matur nwn…..    

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Padukuhan

1. BARAN 2. GUNUNGMANUK 3. NGASEMAYU 4. SALAM 5. TROSARI 6. WADUK