Sejarah Desa
Kal.Salam 30 April 2014 17:20:39 WIB
Sejarah Desa Salam, Kecamatan Patuk
Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta
Dumandine kalurahan salam miterat carios pinisepuh bilih cikal bakal Desa Salam asmanipun inggih puniko eyang Wonosalam, eyang puniko prajuritipun ki ageng pemanahan, ingkang sanggrahan wonten ing celak belik slumprit. Belik puniko salah setunggale petilasan saking ki ageng pemanahan. Sakderengipun kasebad Salam papan puniko kasebad trukan punthuk. Namung sakmeniko katah cariyos ingkang benten-benten, lan sedoyo gadah landasan lan penemu piyambak-piyambak.
- Rono Wiguno
Desa Salam dhumadine wonteng ing warsa 1814 dumugi 1823 ewodene ingkang dados Demang inggih punika Rono wiguno. Demang puniko ngasto wonten ing salam kirang langkung 5 windu.
- Joprono
Demang kaping kalih ingkang ngasto Desa Salam inggih puniko Demang Joprono ingkang saking ambarketawang.
- Reksoprojo
Bekel ingkang sepisan ingkang ngasto salam inggih puniko Bekel Reksoprojo ingkang gadah garwo asmanipun Rukmini. Bekel Reksoprojo kalihan garwo rukmini gadah putro setunggal, ananging sedo wonten ing yuswo tasih enem.
- Sodikoro
Sak purnanipun Bekel Reksoprojo dipun gantos kalihan Bekel Sodikoro. Pesarehanipun saget dipun persani wonten pasarehan Padukuhan Salam. Ngantos wedal sakmeniko pesarehanipun taseh dipun jagi lan rawat.
Miterat Administrasi Negara
- Sosentono
Madegipun Kalurahan Salam wonten ing dinten senin kliwon tanggal 10 Oktober 1927 masehi, utawi 13 rabi’ul akhir 1346 H, 13 bakda mulud 1858 saka/jawa. Ing tahun 1927 dumugi 1937 dipun asta kaliyan Lurah Sosentono, Sosentono puniko gadah putro tigo inggih puniko Mangun pawiro, Mangun sentono lan Pawiro sediro. Ing tahun 1930 Lurah Sosentono maringaken wilayah dumateng setunggal pamongipun ingih puniko Bapak Harjo Pawiro kangge bebungah amargi nyambut damelipun sae. Bapak Harjo Pawiro puniko dados lurah ingkang sepisan ing Kalurahan Patuk. Kalurahan Patuk puniko dipun bagi dados sekawan (4) Padukuhan. Ewodene kalurahan Salam dados tigo (3) padukuhan antawispun padukuhan Baran, trosari, lan salam. Pasarehanipun Sosentono saget dipun persani wonten ing pasarehan Padukuhan Salam.
- Mangun Pawiro
Lurah ingkang kaping kaleh (II) inggih meniko Bapak Mangun Pawiro (1937-1949). Mangun Pawiro puniko salah setunggale putranipun lurah kaping sepisan. Wonten tahun meniko wargo taseh rekaos, sandang ugi pangan. Sedoyo wargo sami berjuang kagem gesang. Pripun caranipun supados sedoyo saget dhahar. Carik wonten ing lurahipun Bapak Mangun Pawiro inggih Puniko Bapak Kiat. Lan staf ipun inggih puniko Pawiro sediro, Mangun sentono lan Sopawiro.
- Harjo Hutomo / Djaimo / Kyai Jonggolo
Lurah kaping tiga ( III ) inggih meniko Bapak Harjo Hutomo (1949-1969). Bapak Harjo Hutomo utawi bapak Djaimo puniko kepilih dados lurah kanthi pilihan warga, benten kalihan lurah sakderengipun ingkang trah utawi kulowargo. Kawontenan wargo taseh sami rekaos. Bangunan lan margi taseh arupi siti ingkang mblekuk. Amargi wonten masa penjajahan. Saking Jepang lajeng dipun jajah dening Walondo. Kawontenan taseh wargo Deso tasih rekaos, amargi sandang lan pangan ingkang awis taseh dipun tambahi dening kejem ipun panjajah Walondo sahinggo kahananipun ngantos gawat.
Lampahing wedal, bibaripun penjajah jengkar saking tlatah Deso Salam, Bapak Lurah sekaliyan pamong ipun sami usaha kagem nglampahi jejibahan wonten ing pamarintahan Deso Salam. Pamong ing wekdal Lurah ipun bapak Djaimo inggih puniko Sastro sukrno dados Carik utawi juru tulis, Suro winoto dados Keamanan, Mangun Prayitno dados Sosial, Trimo rejo dados Kemakmuran, Iman mujimin dados Kaum/ modin, Sukijo (Tri Muryanto) dados pembantu lurah kalihan Tumiran. Dukuh ipun Padukuhan Baran inggih puniko Bapak Badari, Padukuhan Gunungmanuk Bapak Seti Harjo, Padukuhan Ngasemayu bapak Sastro rajiyono, Padukuhan Salam bapak Pawiro sediro, Padukuhan Trosari bapak Iro kerso lan ing tahun 1965 dipun gantos kalihan Bapak Tukijan lan Padukuhan Waduk dukuh ipun ingguh puniko bapak Harjo sumarto.
Kawontenan taseh rekaos kagem wargo amargi sandang lan pangan taseh awis, punopo malih arto langkung awis malih. Khatah lare ingkang mboten saget sekolah rikolo semanten. Kawontenan meniko dumugi tahun 1965 ingkang dipun sebat jaman gaber (Larang pangan), ingkang dipun sebabaken hama tikus lan pagebluk penyakit PES. Kahanan ingkang sanget rekaos. Hasil bumi lan polowijo ugi sato kewan mboten wonten ajinipun. Menawi badhe nyade punopo kemawon mboten wonten aji nipun. Wargo ingkang bade sesadean kados, kajeng rencek, godong jati, lan sanesipun kedah mlampah saking Desa Salam mlampah wonten peken Piyungan. Kirang langkung tebih ipun gangsal kilometer (5 km). Sak lajengipun sedoyo wau dipun sade utawi di lintu kalian bahan pangan kagem dhahar (urup).
Wekdal gaber saget dipun lampai, sanajanto kanti awrat sanget lan rekaos anggenipun sami usaha kagem nglampahi jaman gaber. Nembe wonten tahun 1970 wargo Desa Salam ngraosaken mirahipun dhaharan. Naliko semonten wargo masyarakat sami dhahar sekul tiwul. Katambah pangan awujud bulgur, (saking monco negari) pinongko opah tiang ingkang nderek proyek padat karya damel larik.
Salah setunggaling karya Lurah Djaimo inggih puniko:
- Dam nawing
Dam puniko kangge ngoncori lahan tetanen ing kiwo tengen lepen nawing.
- Dam Pucung Salam
Dam puniko dibangun ing tahun 1953, lan tasih saget diginakaken kangge ngoncori tetanen.
- Pawiyatan Sekolah Rakyat (SR)
Pawiyatan SR puniko dipun bentuk ing tahun 1954 mapan ing Padukuhan Ngasemayu.
- Mangun Prayitno
Sak lereh ipun Lurah Harjo Utomo tahun 1969 dipun gantos kalihan bapak Mangun Prayitno pinongko penjabat sementara dumugi tahun 1975. Wekdal sementen Lurah Mangun prayitno wonten Pamong cacah tigo (3) ingkang dipun gantos, inggih puniko Carik Sastro sukarno dipun gantos kalihan bapak Dulbardi, bapak Iman mujimin pinongko Kaum/Modin dipun gantos kalihan bapak Muh panut, Lan bapak Trimo rejo pinongko Kemakmuran dipun gantos kalihan bapak Tukijan (kanthi cara pilihan) tahun 1974 ingkang sakderengipun dados Dukuh Trosari.
Karya PJ Lurah Mangun Prayitno tasih saget dipun persani lan ginaaken inggih puniko:
- Jembatan Glendeng
Jembatan puniko kangge hubungake padukuhan Salam kalihan Padukuhan Waduk, Jembatan puniko tasih dipun manfaataken.
- Dulbardi
Lurah ingkang kaping sekawan (IV) inggih meniko Bapak Dulbardi kanthi cara pilihan, ingkang sakderengipun pinongko Carik. Lurah Dulbardi puniko salah setunggaling putro bapak Mangan Pawiro utawi Lurah Salam kaping kalih. Amargi Bapak Dulbardi dados lurah sehinggo jabatan Carik kosong. Saklajengipun ngawontenaken pilihan kangge gantos bapak Dul bardi dados Carik. Lan ingkang terpilih dados carik inggih puniko Bapak Tumiran. Ing tahun 1977 keamanan bapak Suro Winoto purno lan dereng wonten gantosipun, sehinggo dumugi tahun 1979 kemanan dipun jabat (PJ) dining Bapak Tukijan pinongko Kemakmuran, lan saklajengipun dipun gantos dining bapak Sunaryo Suro Pranoto. Jabatan pamong sanes ing wekdal sementen inggih puniko Bapak Muh Panut pinongko bagian Kesra, Bapak Mangun Prayitno pinongko Bagian Keuangan lan ing tahun 1994 dipun gatos kalihan Ibu Sulastri, Bapak Juwardi pinongko Bagian Umum dipun gantos kalihan Bapak Sabari ing tahun 1994. Dukuh ipun inggih puniko saking padukuhan Baran bapak Sastro Harjono, Padukuhan Gunungmanuk Bapak M. Jumbadi, Padukuhan Ngasemayu Sastro Wardoyo (Suwarju), Padukuhan Salam Bapak Jiman, Padukuhan Trosari bapak Wagimo lan ing tahun 1978 dipungantos kalihan Bapak Rubiman. Lan padukuhan Waduk dukuh ipun bapak Harjo sumarto lan ing tahun 1976 di gantos Bapak Wagimin. Ing wekdal semanten gadah staf asmanipun Bapak Supriyono. Bapak Dulbardi ngasto Lurah Salam dumugi tahun 1995.
Kathah karya bapak Lurah Dulbardi ingkang tasih saget dipun ginakaken antawisipun:
- Dam lan Larik
Dam lan larik ingkang dipun bangun ing lepen Padukuhan Ngasemayu kirang langkung tahun 1980 tasih dipun ginakaken kangge ngoncori tetanen.
- Dam preh hulu wonten ing Padukuhan Gunungmanuk tasih dipun ginakanken kangge ngoncori tetanen. Di bangun wonten ing tahun 1976.
- Jembatan Jurug. Jembatan puniko kangge hubungake padukuhan Ngasemayu kalihan Padukuhan Trosari, kondisinipun tasih sae lan tasih dipoun ginakaken. Di bangun wonten ing tahun 1975.
- Pawiyatan Sekolah Dasar Negeri (SDN) Baran
Pawiyatan puniko dipun bangun ing tahun 1981 inpres lan sampun rehap ing tahun 2007 sak bibaripun gemba bumi. Ingkang sampun nate dados kepala sekolah puniko antawisipun:
- Wakibin
- Suradi
- Ngatija
- Djuwari
- Suryadi
- Suparno lan
- Purwadi
- Pawiyatan Sekolah Dasar Negeri (SDN) Panjatan
Pawiyatan puniko mapan ing Padukuhan Salam, dipun bangun ing tahun 1976 kanthi proyek eksado saking pemerintah pusat, lan sampun dipun rehab makaping-kaping.
- Pawiyatan Sekolah Dasar Negri (SDN) Waduk
Pawiyatan puniko dipun bangun ing tahun 1978 inpres. lan sampun dipun rehab makaping-kaping.
- Peken Waduk
Peken waduk dipun bangun ing tahun 1976, lan sampun rehab bangunan makaping-kaping. Bangunan puniko di pun sewaaken, lan artonipun kangge pendapatan asli desa (PAD).
- Sadjido
Lurah ingkang kaping gangsal (V) inggih puniko Bapak Drs. Sadjido. Kanthi tekad manah lan niat
ingkang tulus Bapak Drs. Sadjido kaliyan dipun biyantu sedoyo pamongipun nuwuhaken hasil ingkang tumoto. Pembangunan kagem balai desa nipun, sedoyo sarana lan prasarana saget dipun raosaken hasil ipun. Wargo Desa Salam ugi ayem tentrem.
Rikala jaman pemerintahan desa Salam kaasta dening Bapak Drs. Sadjido menika komplek bale Desa Salam wonten ewah ewahan babagan bangunan inggih menika bangunan Joglo rikala tahun 2005, lan gedung kantor kangge pelayanan lan ruang pamongipun. Wonten ing tanggal 27 Mei tahun 2006 kedadosan prahoro lindu ageng ingkang jalari kantor Kalurahan Salam risak lan boten namung sak kiwo tengenipun bale kalurahan Salam kemawon ananging sakperangan ageng griyo lan bangunan masyarakat sanesipun sami rubuh. Satemah bale Kalurahan Salam dipun bangun sarana lan prasarana wonten ing tahun 2007.
Budaya tansaya ngrembaka. Saben padukuhan gadah kelompok kesenian unggulan antawisipun Padukuhan Gunungmanuk wonten Sholawatan Madyo laras, Padukuhan Ngasemayu wonten hadroh Hidayah nur taji, Padukuhan Salam wonten campursari Purwo laras, Padukuhan Trosari wonten jathilan Turonggo krido mudo, Padukuhan Waduk wonten Hadroh As syifa, lan Padukuhan Baran wonten kesenian Gejog lesung Ngudi luhur, Reog Turonggo Sekti Luhuring Budi lan Jathilan Sekar kenongo.
Bapak Drs. Sadjido puniko dados lurah dumugi tiga (3) periode sedoyo puniko kanthi cara pilihan. Periode sepisan inggih puniko warso 1996-2004, pamong ipun inggih puniko Bapak Tumiran dados Carik lan ing tahun 2003 dipun gantos kaliahan Ibu Nuraini Ekawati, Sunaryo S.P dados Pemerintahan lan ing tahun 1999 dipun gantos kalihan Bapak Ngadija. Ibu Sulastri pinongko Kaur keuangan, Bapak Sabari pinongko Kaur umum, Bapak Tukijan pinongko kaur Ekobang, lan Muh Panut pinongko Kesra di pun gantos kalihan bapak Mugiyono ing tahun 2003. Poro Dukuh ingkang jabat periode puniko saking Padukuhan Baran bapak Sastro Harjono, Padukuhan Gunungmanuk bapak M. Jumbadi, Padukuhan Ngasemayu bapak Suharto lan ing tahun 2003 di pun gantos kalihan bapak Santoso, Padukuhan Salam Bapak jiman lan ing tahun 2002 dipun gantos kalihan ibu Suratmi, Padukuhan Trosari Bapak Rubiman lan ing tahun 2000 di pun gantos kalihan bapak Aris Diyono lan saking Padukuhan Waduk dukuh ipun bapak Wagimin. Ing periode puniko wonten tambahan jabatan ing pemerintahan kalurahan inggih puniko Kaur Perencanaan wonten ing tahun 2003 lan ingkang dados bapak Mintoro peralihan saking sekretaris Badan Permusywaratan Desa (BPD).
Periode kalih (2) ing tahun 2004-2014. Wonten ing periode puniko wonten pamong ingkang dipun gantos inggih puniko Bapak tukijan amargi sampun purna, saklajengipun dipun gantos kalihan Bapak Fajar Sahid Rachmadi pinongko Kabag Ekobang ing tahun 2008, Dukuh Baran bapak Sastro Harjono purna saklajengipun dipun gantos kalihan Bapak Budi Nuryanto ing tahun 2006, Dukuh gunungmanuk bapak M. Jumbadi di pun gantos kalihan Bapak Ngasiran ing tahun 2013 amargi Purna karya, Dukuh Ngasemayu Bapak Santoso dipun gantos Bapak Tri Hernowo ing tahun 2004 amargi mengundurkan diri, Dukuh Trosari bapak Aris Diyono purna karya saklajengipun dipun gantos Bapak Supriyono ing tahun 2012 lan Dukuh Waduk bapak Wagimin purna tugas saklajengipun dipun gantos kalihan bapak Asmuni ing tahun 2009. Ing periode kalih puniko ugi pemerintah kalurahan wonten penambahan tiga (3) staf kangge bantu kerjanipun pamong, inggih punko ing tahun 2004 bapak sunarto dados staf Kaur umum, ing tahun 2010 bapak Sidik purnama dados staf Kasi Pemerintahan kalihan Ibu Preny Kristanti dados staf Kaur Keuangan.
Periode tiga (3) ing tahun 2015-2021 Bapak Drs. Sadjido dados Lurah sampun katah wujudaken pembangunan fisik ingkang mapan wonten ing wilayah padukuhan kadosta peningkatan mergi(rabat margi, Pengaspalan margi, pembangunan talud lan drainase, pembukaan margi enggal sae margi lingkungan lan margi antar desa) pembangunan gapura ugi pembangunan jembatan. Amargi ing periode puniko wonten tambahan arto saking pemerintah pusat ingkang dipun sebat Dana Desa (DDs). Kejawi pembangunan fisik DDS puniko saget kangge kegiatan pembinaan utawi pelatihan kangge warga masyarakat. Lan stunggal malih ingkang sampun dipun bentuk ngagem DDs inggih puniko pembentukan Badan Usaha Milik Desa utawi Bumdes ingkang diparingi asmo Bumdes Makmur Jaya ingkan dipun bentuk ing tahun 2016. Bumdes Makmur jaya sampun paring kontribusi Pendapatan Asli Desa (PAD) ingkang lumayan kathah saben tahunipun. Wonten ing periode puniko ugi Pamong Kalurahan ingkang dipun gantos inggih puniko Sekretaris Desa ibu Nuraini Ekawati dipun gantos kalihan Bapak Bustanudin, S.Pd.I ing tahun 2016 amargi ibu Nuraini Ekawati sampun diangkat pinongko Pegawai Negeri Sipil (PNS) lan dipun pindah tugasipun saking Kalurahan Salam dining Pemerintah Kabupaten, Bapak Mugiyono purna karya saklajengipun dipun gantos dining Bapak Sukandar S.T dados Kamituwa ing tahun 2017, Dukuh ngasemayu bapak Tri Hernowo dipun gantos dining Ibu Yenni Pratiwi ing tahun 2020 amargi sampun purna karya, lan ing warso 2021 Tata Laksana Bapak Sabari di pun gantos dining Ibu Lutviyani amargi sampu purna karya ugi. Wonten ing tahun 2020 wonten konversi Desa dados Kalurahan, Kepala Desa dados Lurah lan Perangkat Desa dados Pamong
Wujud tumoto karya Lurah Drs. Sadjido antawisipun:
- Jembatan
Jembatan puniko dipun bangun kanti tujuan kangge gampilaken transportasi, kangge hubungaken wewengkon padukuhan, lan wewengkon kalurahan sanesipun.
- Rabat margi
Menawi dipun prosentase margi ing wewengkon kalurahan Salam sampun 85% langkung ingkang sampun di rabat utawi cor blok, sedoyo puniko kangge gampilaken warga ingkang bade tindakan utawi ngagem kendaraan.
- Talud lan Drainase
Talud dibangun kanthi tujuan kangge jembaraken margi, Jagi siti kajeng e mboten longsor, menawi drainase kangge ngatur milining toya kajenge mboten banjir lan ngrisakaken margi. Pembangunan talud lan drainase antawisipun:
- Gapura
Gapura puniko dibangun kanthi tujuan kangge pratondo mlebet Kalurahan Salam utawi salah setunggaling Padukuhan ing wewngkon Kalurahan Salam.
- Pengasapalan
Pengaspalan puniko kanthi tujuan kangge gampilaken transportasi, Pembangunan puniko antawisipun:
- Pamsimas
Program Penyediaan Air Minum lan Sanitasi Berbasis Masyarakat (Pamsimas) puniko kanthi tujuan kangge gampilaken warga pikantuk toya ingkang resik lan sehat. Pembangunanipin antawisipun:
- Pos Ronda
Bangunan puniko di bangun kangge jagi keamanan lan ketertiban, dipun bangun ing sedoyo wewengkon Rukun Tetangga (RT)
- Sanitasi Desa (Sandes)
Sandes puniko program saking Kementrian Pekerjaan Umum Perumahan Rakyat (PUPR) ing tahun 2021, kanthi tujuan terapaken program Pola Hidup Bersih Sehat (PHBS) ing warga masyarakat.
- Jambanisasi
Jabanisasi puniko program saking PIWK Kapanewon lan DDS, kanthi tujuan terapaken program Pola Hidup Bersih Sehat (PHBS) ing warga masyarakat.
Tasih Kathah karya saking Lurah Drs. Sadjido ingkang awujud fisik dereng saget kulo lebetke wonten ing buku niki ananging tasih saget dipun manfaataken kalihan warga Kalurahan Salam. Karya ingkng sanes fisik antawisipun:
- Juara kalih (2) evaluasi lomba Desa tingkat Kabupaten
- Penghargaan lunas Pajak Bumi Bangunan (PBB) wiwit tahun 1998 dumugi 2021
- Juara setunggal (1) lomba Karnaval tingkat Kapanewon
- Penghargaan Desa Layak Anak (Delana) tahun 2017 lan 2019.
- Juara lomba Pengagungan tingkat Kapanewon
- Juara lomba Siskamling tingkat Kapanewon
- Penghargaan Bursa Inovasi Desa
- Juara Lomba Karawitan tingkat Kapanewon
Sedoyo Pengharhaan puniko saget dipun persani kanthi bukti piagam penghargaan.
- Asmuni
Lurah ingkang kaping enem (VI) ingkang sak puniko taksih makaryo inggih puniko Bapak Asmuni (2022-2029.)
Pencarian
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- BUMDES MAKMUR JAYA SALAM
- kerjabakti Pamong Kalurahan Salam Jumat Bersih
- PAMONG PEMKAL SALAM MEMAKAI SERAGAM PAKAIAN TRADISIONAL JAWA YOGYAKARTA SETIAP KAMIS PON
- PEMBAYARAN PBB-P2 TAHUN 2025 KALURAHAN SALAM TELAH LUNAS
- MUSKAL RKPKAL 2026
- RENOVASI MASJID NURUL HUDA PADUKUHAN WADUK
- DISTRIBUSI BERAS CPP